Kamis, 19 Mei 2016

PLESIR NING MALIOBORO


        Prei lulusa kepungkur Aku karo keluargaku plesir ning Malioboro. Aku mangkat numpak montor bareng-bareng karo keluargaku. Mangkat seko ngomah jam wolu esuk.

        Budal numpak montor Aku,Bapak,Ibu, lan Adhik mudun ing parkiran. Lumayan cepet numpak motor seko Imogiri. Ngerti-ngerti wes tekan Malioboro.

        Sepanjang dalan Malioboro akeh wong bakul. Para bakul sing dodolan iku njajakake werna-werna produk, mulai panganan, sandangan, nganti kerajinan. Regane yo mondo murah-murah.

        Bapak mundut kaos, Ibu mundut daster, Adikku tuku gelang. Aku malah bingung arep tuku opo. Akhire aku milih tuku sandal. Itung-itung sandalku wes arep jebol. Mungpung regane murah, terno yo iso dinyang barang.

        Sandale regane Rp.30.000,- nanging iso tak nyang Rp.15.000,-. Murah tenan. Kroso wektune wes ameh sore Aku karo keluargaku banjur bali ning parkiran, langsung mulih.

        Tekan ngomah wes mondo peteng. Senadyan mung sedino aku seneng banget. Plesiran mau dadi pengalaman sing ora bakal tak lalekke.


                                                                                                   Penulis: Haffidz Achmad Affandi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Manfaat Instagram Bagi Anak Muda Masa Kini photo by adweek.com Instagram Hampir setiap pengguna smartphone zaman sek...